Rabu, 05 Oktober 2011

METAMORFOSIS SERANGGA


Metamorfosis biasané dumadi ing fase sing béda-béda, diwiwiti saka larva utawa nimfa, sok-sok ngliwati fase pupa, lan pungkasané minangka spesies diwasa. Ana rong macem metamorfosis utama ing srangga,yaiku hemimetabolisme lan holometabolisme.

Fase spesies sing durung diwasa ing metamorfosis biasané disebut larva. Nanging ing metamorfosis komplèks ing akèh-akèhé spesies srangga, mung fase pisanan sing disebut larva lan sok-sok duwé jeneng sing béda.

Ing hemimetabolisme, perkembangan larva dumadi ing fase pertumbuhan berulang lan ekdisis (panggantian kulit), fase iki disebut instar. Hemimetabolisme uga ditepungi mawa metamorfosis ora sampurna.

Ing holometabolisme, larva béda banget karo diwasané. Srangga sing nglakoni holometabolisme liwat fase larva, tumuli mlebu fase ora aktif sing disebut pupa, utawa chrysalis, lan akiré dadi diwasa. Holometabolisme uga ditepungi mawa metamorfosis sampurna. Sauntara ing njero pupa, srangga bakal ngetokaké cuwèran pancernaan, kanggop ngejur badan larva, nyisakaké sebagéyan sel waé. Sebagéyan sel iku banjur bakal tuwuh dadi diwasa migunakaké nutrisi saka jur-juran badan larva. Prosès patiné sel diarani histolisis, lan tuwuhing sel manèh diarani histogenesis.

Suwéné srangga ngentèkaké wektuné ing fase diwasa utawa ing fase remajané gumantung ing spesies srangga iku. Contoné mayfly sing urip ing fase diwasa mung sedina, lan cicada, sing fase remajané urip ing ngisor lemah sakwéné 13 tekan 17 taun. Loro spesies iki nglakoni metamorfosis ora sampurna.






Tidak ada komentar:

Posting Komentar